Sunday, September 8, 2019

Sidang Akademi - Srawung Gayeng


SIDHANG AKADEMI
SANTO ALBERTUS MAGNUS GOLONGAN A
SEMINARI MENENGAH MERTOYUDAN

Asma               : Paulus Eko Harsanto
Kelas/Absen    : KPA/6
Tanggal           : 19 April 2012
Tampilan         : Pranata Adicara
Setting             : Studio Srawung Gayeng Show

Pambuka
Dumateng Rm. Guido minangka moderator, para pengurus sidhang, sarta para sadherek sadaya, sugeng sonten, berkah Dalem. Kula aturaken agunging puji panuwun ing ngarsa Dalem Gusti ingkang Maha Asih, awit saking berkah Dalem kula saged damel lan nyawisaken tampilan kula kanthi sae.
Kula badhe maragakaken paraga adicara. Ing kalodangan punika, kula badhe dados pranata adicara wonten ing adicara “Srawung Gayeng Show” ingkang kirang langkung sami kaliyan adicara talkshow ingkang kathah wonten ing tv, contonipun Oprah Winfrey Show, Dorce Show, lsp. Topik ingkang badhe kula rembag inggih punika babagan kasarasan ing mangsa rendheng, amargi ing titi wanci punika kathah tiyang ingkang sakit amargi kawontenan ingkang kirang sae ing ing mangsa rendheng punika, upaminipun kathah lemut, virus Influenza, lsp. Sugeng myarsakaken tampilan kula.

Isi
Srawung Gayeng Show
(Para pamirsa, kita tepangaken, pranata adicara ingkang sampun kita mangertosi, Kang Paijo!)

Sugeng sonten, para sadherek sadaya! Pinanggih malih kaliyan kula, Kang Paijo, wonten ing adicara Srawung Gayeng Show. Sakderengipun, kula nyuwun pangapunten, bilih kula dereng saged ndadosi rupa kula punika. Mugi-mugi panjenengan sadaya boten bosen mriksani rupa kula punika saben dintenipun, inggih? Hahaha…
“Bae de wey”, (By the way) ing sonten punika kita badhe njlentrehake babagan kasarasan. Lha, wonten punapa tah, kok kita pirembagan kasarasan? Ing wanci punika kita nembe ngladosi mangsa rendheng. Nah, ing mangsa rendheng ingkang asring jawah punika, kathah sadherek kita ingkang gerah demam berdarah, pilek, lsp. amargi kuman penyakit gampil sanget sumebar wonten ing mangsa rendheng. Amargi punika kula ngaturi panjenengan sadaya nyrawungaken sesarengan babagan kasarasan ing sonten punika.
Ing sonten punika, kita gadhah tamu ingkang dados narasumber kita sadaya. Panjenenganipun dokter ingkang ahli sanget ing bidang penyakit ing mangsa rendheng. Kita sumanggakaken, Dr. Kuwat!
Kang Paijo      : Sugeng sonten, Dr. Kuwat! Kados pundi, kabaripun?
Dr. Kuwat       : Sae, sae…
Kang Paijo      : Dok, kita sakpunika badhe pirembagan babagan kasarasan ing mangsa rendheng. Sakjatosipun, punapa tah sebabipun, kok penyakit gampil sanget sumebar ing mangsa rendheng?
Dr. Kuwat       : Sakjatosipun sadaya penyakit saged sumebar ing sadaya mangsa, gumantung penyakitipun. Nanging kathah penyakit ingkang kathahipun sumebar wonten ing mangsa rendheng. Ing mangsa rendheng, hawanipun adem lan teles, lembab. Blumbang-blumbang ugi kathah, amargi asring jawah. Got-got ugi kebak banyu. Kuman penyakit dados gampil sumebar ing kahanan punika, langkung malih demam berdarah. Lha lemutipun ‘lak dados gampil manak ing blumbang…
Kang Paijo      : Sinten mawon ingkang gampil kajangkit penyakit-penyakit punika, Dok?
Dr. Kuwat       : Cetha sanget! Ingkang gampil sumebar inggih punika para putra lan putri kita sadaya, tiyang enom ingkang tasih rentan kaliyan penyakit-penyakit punika.
Kang Paijo      : Walah! Wah, Dok, banjur punapa ingkang kedah kita ladosaken?
Dr. Kuwat       : Para putra-putri punika kedah kita jagi kanthi sae. Lare-lare punika kedah ampun dolan jawi menawi jawah, supados boten demam lan pilek. Langkung sae menawi lare-lare punika ngginakaken sandangan anget, upaminipun sweater. Kita ugi kedah jagi kasarasan mawi olahraga kaliyan dhahar dhaharan sekawan saras, gangsal sampurna. Karesikan ugi kedah kita jagi, supados kuman penyakit boten gampil sumebar. Supados demam berdarah boten sumebar, kita kedah ngladosaken tiga M; Menguras, inggih punika nguras bak, Menutup, inggih punika nutup bak, lan Mengubur, inggih punika mendem kaleng-kaleng utawa plastik ingkang saged dadosaken blumbang.
Kang Paijo      : Inggih, kula mangertos. Para pamirsa, kula pitados bilih panjenengan gadhah pitakenan babagan kasarasan ingkang kita srawungaken. Sakpunika panjenengan sadaya kula aturi kalodangan kangge ngaturaken pitakenan panjenengan dumateng Dr. Kuwat. Mangga!
Pak Rosa         : Dok, nami kula Pak Rosa. Kula tasih boten mangertos kanthi sae, standaripun dhaharan sekawan saras gangsal sampurna. Punapa kemawon nggih, standaripun?
Dr. Kuwat       : Dhaharan sekawan saras gangsal sampurna punika dhaharan ingkang wonten lawuh, sekul, jangan, woh lan susu. Standar sanesipun inggih punika dhaharan kedah resik lan higienis, dipunolah kanthi mateng lan fresh from the oven, maksud kula, seger. Mekaten, Pak Rosa, standaripun dhaharan sekawan saras gangsal sampurna.
Pak Darto        : Dok, nami kula Pak Darto. Putra kula punika lho Dok, remenipun dolan menawi jawah dumateng jawi, lan angel sanget diandani. Sakpunika larenipun gerah pilek. Punapa ingkang kedah kula ladosaken, Pak Dokter?
Dr. Kuwat       : Haha, menawi mekaten punika putranipun dicencang kemawon, Pak Darto! Haha, guyon Pak, guyon. Panjenengan kedah mbeta larenipun dumateng omah sakit utawa puskesmas, banjur ngrumat putra panjenengan miturut resepipun Dokter, Utawa putranipun dibeta kemawon dumateng dalem kula. Dijamin mirah, Pak! Langkung sae menawi putra panjenengan kathah istirahat lan ngombe wedang putih. Mekaten, Pak Darto.
Kang Paijo      : Matur nuwun, Dokter Kuwat. Kathah sanget prekawis ingkang sampun kula sadaya tampi saking panjenengan. Mugi-mugi kula sadaya saged ngladosaken punapa kemawon ingkang sampun panjenengan aturaken dumateng kula sadaya.
Mekaten para pamirsa, adicara Srawung Gayeng ing sonten punika. Pinanggih malih kaliyan kula, Kang Paijo, ing kalodangan saklajengipun. Berkah Dalem.

Panutup
Mekaten tampilan kula minangka pranata adicara ing sonten punika. Kula nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonten kalepatan saking kula ing tampilan punika. Kula nyuwun kritik lan saran saking panjenengan sadaya kangge mbenahi tampilan kula ing kalodangan saklajengipun. Matur nuwun.

Refleksi
Kasarasan punika peparing Dalem ingkang kedah kita jagi. Kula nyadari prekawis punika saking kathahipun pengalaman kula ing babagan gerah. Kula tiyang ingkang sampun asring gerah. Prekawis punika damel kathah bebaning gesang, dumateng kula tuwin tiyang sanes.
Sakjatosipun, manungsa boten badhe gerah menawi panjenenganipun saged jagi kasarasan kanthi sae, mawi olahraga, dhahar dhaharan sekawan saras gangsal sampurna, lsp. Saking prekawis punika kula mangertos, menawi kula dereng saged jagi kasarasan kula kanthi sae amargi kula tasih boten midhangetaken prekawis punika kanthi lembahing manah. Nanging, saksampunipun mlebet seminari, kula saged ngladosi prekawis punika kanthi sae. Saking pangalaman punika, kula mangertos pentingipun kasarasan kangge gesang kula. Mugi-mugi kula kaliyan panjenengan sadaya saged jagi kasarasan kita sadaya kanthi sae, amargi kasarasan punika peparing Dalem Sang Kristus ingkang kedah kita jagi. Sembah nuwun, berkah Dalem.

No comments:

Post a Comment

Cerpen - Caraka

  CARAKA Oleh : Paulus Eko Harsanto   Hana caraka, data sawala Padha jayanya, maga bathanga *** Engkau percaya dengan berbagai b...